Minggu, 19 Januari 2020



SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA

Serat Tripama iku anggitane Sri Mangkunegara IV Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangku-negara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, tripama tegese tiga tamsil utawa tiga teladan. Serat Tripama nyritakake watake :
1. Kumbakarna, raseksa awatak satria sing ora gelem mbela kangmase, Dasamuka, Raja Ngalengka sing angkara murka. Kumbakarna netepi 'tekad satria' ngurbanke jiwa raga kanggo mbela negarane sing diserang musuh.
2. Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda ing negara Maespati sing kondhang kekendelane lan bisa ngrampungake jejibahan sing abot kanthi tanggung jawab.
3. Suryaputera utawa Karna ing Ngawanga sing netepi janji kanthi sunmpah satria kanggo mbales budi Prabu Kurupati, raja ing Astina kanthi ngurbanke jiwa mungsuh Arjuna, adhine nunggal ibu.
Watak kasebut arupa tembang macapat Shandhanggula 7 pada. Serat kasebut dijupuk saka crita pewayangan Ramayana lan Mahabarata.

A. Maca lan nanggepi teks serat tripama pupuh Dhandhanggula lan nitik guru gatra, guru lagu,lan guru wilangan.
Dhandhanggula
Yogyanira kang para prajurit,

lamun bisa samya anuladha,

kadya nguni caritane,

andelira sang Prabu,

Sasrabahu ing Maespati,

aran Patih Suwanda,

lalabuhanipun,

kang ginenelung triperkara,

guna kaya purun ibgkang, denantepi,

nuhoni trah utama.

Pupuh Dhandhanggula Serat Tripama ngemot tembang cacahe 17 pada (bait). Sapada tembang Dhandhanggula kiwaikikawiwitan saka tembung yogyanira tekan tembung utama.


Guru gatra yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada tembang Dhandhanggula ana 10.
Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Dhandhanggula yaiku i, a, e, u, i, a, u, a, i, a.
Guru wilangan yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata). Dadi, guru wilangane tembang Dhandhanggula yaiku 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7.
Guru wilangan lan guru lagune Dhandhanggula, biasane ditulis : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.


B. Nemokake tuntutan ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

Dhandhanggula

Seyogyanya para prajurit,

kalau bisa semuanya meniru,

seperti cerita pada masa dahulu,

(tentang) andalan Sang Prabu,

(raja) Sasrabahu di Negara Maespati,

bernama Patih Suwanda,

jasa-jasanya,

yang dipadukan dalam tiga hal,

(yaitu) kepandaian, kekayaan, dan kemauan,

(keberanian) itulah yang ditekuni, menepati

keturunan (sifat) orang baik(utama).

Sabtu, 18 Januari 2020


BUDAYA WEWALER

Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadadayan ngungkuli krodat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masyarakat jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku.

Gugon tuhon

1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kepercayaan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu ditanggepke wayang kanthi lakon Amurwakala.
Sing kalebu bocah sukreta yaiku :
2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik
3. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijing bab, banjur wewaler kanggo anak putu
supaya ora melu nindakake.
Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan kadonyan.

Pituduh

Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.
1. Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa
2. Pituduh kang magepokan karo rohani
3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
5. Pituduh kang magepokan karo kaluwarga
6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan

Wewaler

Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip
2. Wewaler kang magepokan karo  rohani
3. Wewaler kang magepokan karo kamanungsan
4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
5. Wewaler kang mahepokan karo kaluwarga
6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan

~mugi-mugi migunani kangge panjenengan sedaya~

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA




SESORAH

Sesorah ikutembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang di tujokake marang wong akeh. Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liyane-liyane. Sanajan tegese padha, tembung -tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-unnguhe.

A. Maca lan nemokake struktur lan kaidah teks sesorah

Sesorah Halalbihalal[1]

Assalamualaikum warahmatullahiwa barakatuhu,[2]

Bapak-bapak lan ibu-ibu, kaum muslimin-muslimat ingkang satuhu kinakbekten. Minal aidzin wal faidzin.[3]

Mangga sesarengan kula dhereaken ngonjungaken pudya puji sukur dhumateng ngarsanipun gusti ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring taufik sarta hidayah.[4]

Ing kalodhangan menika keparengna kula ngadeg ing ngarsa panjenengan sedaya, saperlu ngaturaken perkawis sakedhik gegayutan kaliyan acara  "Apura ingapura" utawi "Halalbihalal" warsa 1473 H menika.[5]

Kados ingkang sampun kawuningan bilih minggu kapengker, umat islam saindenging Nuswantara samya nindakaken shalat ied.[6]

Ing wekdal ingkang sae menika mugi-mugi para kaum muslimin dalah muslimah kepareng njangkepi ibadah siyam kanthi paring zakat fitrah.[7]

 Mekaten lan semanten atur kula, nyuwun pangapunten tumrap sedaya kaladuking atur sarta muranging trapsila.[8]

Wa assalamu'alaikum warahmatullahi wa barakatuhu.[9]




Saka tuladha ringkes teks sesorah ing sisih kiwa, bisa di temokake ragangan bakune sesorah, kang nyakup 9 perangam, yaiku :
1.) Irah-irahan
2.) Salam pambuka
4.) Pakurmatan
5.) Purwaka basa utawa pambuka
6.) Andharan wose sesorah (yen perlu)
7.) Pengarep-arep (pangajab)
8.) Wasana basa utawa panutup
9.) Salam panutup

Tujuane sesorah :
1.) Kanggo menehi pengerten utawa kawruh
2.) Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liya
3.) Aweh panglipur
4.) Suka pangrimuk(mbujuk) supaya melu apa kang di andhara pamicara.

B. Nanggapi pokok-pokok isine teks sesorah
Siku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngungokake ora nduwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa di wedharake langsung sabubare ngungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono,kang nanggpi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.

C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan



Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan(struktur) wis gumathok, yaiku irah-irahan; salam pambuka; pakurmatan; purwaka basa utawa pambuka; wos utawa intine sesorah; andharan wose sesorah(yen perlu); pangajab; wasana basa utawa panutup; lan salam panutup sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.

D. Maca teks sesorah kanthi nyuara
Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujukake marang wong liya. Amarga di tujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapawae kang maca kudu bisa ngucapke kanthi: sewara kang cukup, kedal kamg cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake, kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur(komunikatif).

Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepke kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane swarane /d/,/dh/,/t/,/th/,/a/,/o/,/u/, lan liyane-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa indonesia di arani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-lindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anhhone maca.

~mugi-mugi migunani kangge panjenengan sedaya~


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA



TEKS EKSPOSISI

Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang ganep sabanjure bisa ngrembake pangertene sing maca. Bab kang diandharake ing teks eksposisi bis awujud :
1.) Data faktual, yaiku sawijining   kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritakake kanthi cetha.
2.) Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijing fakta
3.) Fakta nganani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijing keyakinan.

Titikane teks eksposisi yaiku :
1.) Ngandharake panemu utawa gagasan
2.) Nuduhake kahanan sanyatane
3.) Nggunakake analisi lan sintesis,
4.) Sumber ide bisa saka pengalaman, sikap, utawa keyakinan.

Stukture teks eksposisi yaiku :
1.) Tesis (pembuka) isine panemu saka penyerat ngenani prekara kang diandharake,
2.) argumentasi (isi) andharan bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing perangan tesis,
3.) Panutup utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedhasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi.
  
Urutan carane gawe teks eksposisi :

1.) Nemtokake ndherane perkara utawa tema, 
2.) Nemtokake ancas utawa tujuan,
3.) Ngumpulke dhata saka maneka sumber,
4.) Gawe cengkorongan,
5.) Ngrembakake cengkorongan dadi teks eksposisi.

~mugi-mugi migunani kangge panjenengan sedaya~


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA

CERKAK

Cerkak iku cakakan saka crita crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pencen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak( 2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kange maca cerkak iku mung sedhela wae.
Crita cekak umume dumadi ska saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paragane- paragane mung siji. Sanajan mangkono, masalah iku mau saya suwe saya ruwet , wusanane ngant dadi mbundhet(klimaks). Bab iku beda karo akehe prekara ing crita novel kang biasane nyritakake perkara pirang-pirang dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau, paraga kang dicritakake ing kono uga pirang-pirang(ora mung siji).

A. Maca lan nanggepi isine crita cekak lan niteni perangan-perangane .

Crita cekak iku karangan utawa riptan sumbere bisa saka kanyatan trus di bumboni , bisa uga surni saka kayalan utawa rekane pangripta wae. Senajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cekak adhakane padha. Perangan -perangan kang mbangun wutuhe crita cekak iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane perkara(tema), paraga(tokoh) lan watake paraga(penokohan), lakune crita(alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake(point of view), kapan lan kedadeane crita kasebut(seting), lan tuntunan kang ditujoake marang pamaca(amanat).

Jlentrehe :
Tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik.
Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake, kayata: sabar, wicaksana, galak lan sapanunggalane.
Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita: alure lumrah/normal/maju/mundur.
Point of view utaw sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utama('aku'ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke' ing crita).
Seting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntutan kang diemot ing crita iku.

B. Nemokake tuntutan kang diemot ing crita cekak lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta kang diajap bisa di temokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane , tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggalane. Saliyan iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara(patrotisme), pendhidhikan, kebudayaan, lan sapanunggalane.

C. Nulis sinopsis crita cekak nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pratanan/aturan

Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu cerita cekak. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga, watak, intine crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang di gawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake meneh nganggo basamu dhewe.

D. Naliti sinopsis crita cekak gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranatan
Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca pdha bebarengan bijen-bijenan(saling menilai)sinopsis garapane. 

Kegiatan kaya ngene iki umume diarani njilimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan kang njilimeti iki kang dijilimeti bisa aksarane, rutute ukara, utawa di tambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora perlu di benarake, amarga iku hakekate pengarang kang sipate bebas mekarake gagasan. Kamerdikan sajrone ngundhal gagasan iku, ing jagade kasusastraan diarani lisensia poetika.

~mugi-mugi migunani kangge panjenengan sedaya~


Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA